Bismillahirrohmaanirrohiim

KUMPULAN NASEHAT DARI SYAIKHINA KH. ABDULLAH FAQIH

KUMPULAN NASEHAT DARI SYAIKHINA KH. ABDULLAH FAQIH Rahimahullah (Langitan-Widang-Tuban)

1. Wong nek ngalami kesusahan, kerepotan-kerepotan, kemunduran, kemunduran ekonomine, ma’isyahe, kesehatane, kegiatane lan liya-liyane InsyaAllah gusti Allah bakal ngeke’i dalan, ngeke’i makhroj tegesi dalan kluar soko perkoro iku mau, lan gusti Allah bakal paring rizqi dlohir bathin, rizqi bathin iku rupo iman, tawakal, nerimo, zuhud, duweni pekerti sing bagus. Rizqi seng dlohir di paringi kebutuane urep rupo papan, pangan, sandang, di ke’i rizqi seng ra kangiro-ngiro tegese gusti Allah paring gampang, kito yo tetep usaha ora koq terus meneng ae ora usaha. Ngaji… di paringi oleh ilmu.

Wong seng gelem netepi istighfar mongko wong mau bakal di wei rizqi seng ra kangiro-ngiro koyo’-koyo’ ra sembodo olehe kangelane golek karo hasile.
Perkoro mergawe tetep, kito di perintah “Harrik yadaka faunzila alika rizqo” gerakno tanganmu mongko sampean di wei rizqi karo gusti Allah, kito kepingin duwe ilmu yo kudu golek ilmu kelawan ngaji, kito kepingin apal qur’an yo kudu sregep deres di apalno, kito kepingin kecukupan rizqi dlohire yo kudu usaha opo to opo kunu, tapi kito bakal di paringi gampang karo gusti Allah ta’ala, iku faedahe, opo kuwi mau,,, wong seng akeh moco istighfare, istighfar seng unine “astaghfirullah al adlim innahu kana ghoffaro” peng pitung puluh ambalan mongko wong mau bakal di gampangno marang Allah ta’ala…

2. Guru iku koyo wong tuo, yen wong tuo iku pengin tur bungah lek anake luweh pinter, luweh sugeh semono ugo guru.

3. Pancen tujuane pados ilmu syariat niku mboten keranten pengen dados nopo-nopo. Tujuane kedah murni pengen pados ridloning gusti Allah, nguri-nguripi agamane gusti Allah klawan ilmu, lan ngicalaken kebodohan. niku ingkang selama niki kulo serap sangking dawuh2e mbah Yai.

4. Bisone taqwo iku kudu ngerti disek, terus bisone ngerti iku kudu ngaji lan belajar disek..
Nek ono murid rumongso adoh karo gurune, iku ora kok gurune seng ngadoh, tapi dewe’e seng ngadoh dewe..guru iku ibarate koyok pemancar radio, sopo seng gelem nyetel yo sambung, seng gak gelem nyetel yo gak sambung..

#Dikutip dari dawuh Syaikhina Murobbi Ruhina KH.Abdulloh Faqih nafa’anallahu bi’ulumihi wa asrorihi fiddaroini Aamiin…


.

PALING DIMINATI

Back To Top