Bismillahirrohmaanirrohiim

Ngaji Iku Ora Kudu Pinter

Ngaji Iku Ora Kudu Pinter

Pemikiran lan kepahaman santri/murid iku bedo bedo, ono kalane santri kuwi pinter, ono kalane sedengan lan ono kalane ra mudengan. Mulo naliko nang pondok sing di oyak ora kudu pinter, nanging sing penting mempeng. Kabeh Masyayikh Tegalrejo dawuh kon podo mempeng lan manut peraturan, insya Allah ilmune manfaat.

Wonten ing kitab Tambihul Gofilin karangan Abul Laist As Samarqondi dipun terangke

تنبيه الغافلين  أبو الليث السمرقندي.

يُقَالُ مَنِ انْتَهَى إِلَى الْعَالِمِ، وَجَلَسَ مَعَهُ، وَلَا يَقْدِرُ عَلَى أَنْ يَحْفَظَ الْعِلْمَ، فَلَهُ سَبْعُ كَرَامَاتٍ

Di pun ngendika'ake kalian tiyang ingkang 'alim lan pernah ngaos bareng, nanging btn saged ngapalke pelajaran/ilmu, nanging tiyang kolowau tetep pukantuk 7 kamulyan, rupinipun

أَوَّلُهَا: يَنَالُ فَضْلَ الْمُتَعَلِّمِينَ.

1. Pikantuk Fadhilahe/keutamaane tiyang ngaos

وَالثَّانِي: مَا دَامَ جَالِسًا عِنْدَهُ كَانَ مَحْبُوسًا عَنِ الذُّنُوبِ وَالْخَطَأِ.

2. Selagi tesih lungguh sareng ngaji wong alim, dipun cegah nglampahi doso lan kesalahan.

وَالثَّالِثُ: إِذَا خَرَجَ مِنْ مَنْزِلِهِ تَنْزِلُ عَلَيْهِ الرَّحْمَةُ

3. Naliko medal saking panggenan tiyang wau, mongko bakal temurun kawelasan.

وَالرَّابِعُ: إِذَا جَلَسَ عِنْدَهُ، فَتَنْزِلُ عَلَيْهِمُ الرَّحْمَةُ، فَتُصِيبُهُ بِبَرَكَتِهِمْ.

4. Naliko lungguh jejer/sareng tiyang 'alim, mongko bakal temurun Rahmat, sebab berkahe tiyang 'alim/kyai.

وَالْخَامِسُ: مَا دَامَ مُسْتَمِعًا تُكْتَبُ لَهُ الْحَسَنَةُ.

5. Selagi tasih mirengke ngaji, bakal di tulis keapikan dateng malaikat kanggo tiyang ngaos.

وَالسَّادِسُ: تَحُفُّ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ بِأَجْنِحَتِهَا رِضًا وَهُوَ فِيهِمْ.

6. Di rubung malaikat nganggo sayape lan pikantuk ridhone sedoyo

وَالسَّابِعُ: كُلُّ قَدَمٍ يَرْفَعُهُ، وَيَضَعُهُ يَكُونُ كَفَّارَةً لِلذُّنُوبِ، وَرَفْعًا لِلدَّرَجَاتِ لَهُ، وَزِيَادَةً فِي الْحَسَنَاتِ

7. Naliko sukune di angkat lan nyelehke gon pelungguhane ngaji, iso ngilangi doso²ne. Di angkat drajate lan di tambahi kebagusane.

ثُمَّ يُكْرِمُهُ اللَّهُ تَعَالَى بِسِتِّ كَرَامَاتٍ أُخْرَى:  أَوَّلُهَا: يُكْرِمُهُ بِحُبِّ شُهُودِ مَجْلِسِ الْعُلَمَاءِ

Lajeng Gusti Allah SWT mulyaake nenek(6) maleh ingkang lintu.

1. Allah mulyaake dateng demene ningali majlise ulama'

الثَّانِي: كُلُّ مَنْ يَقْتَدِي بِهِمْ، فَلَهُ مِثْلُ أُجُورِهِمْ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْءٌ.

2. Sinten tiyang derek 'alim ulama, ganjarane sami dateng tiyang 'alim kolo wau tanpo dipun kurangi kados dene tiyang alim wau.

وَالثَّالِثُ لَوْ غَفَرَ لِوَاحِدٍ مِنْهُمْ يَشْفَعُ لَهُ.

3. Naliko salah sijine di ngapuro(ulama), biso Maringi syafaat dateng liyane(santri).

وَالرَّابِعُ: يُبَرِّدُ قَلْبَهُ مِنْ مَجْلِسِ الْفُسَّاقِ.

4. Atine adem lan tentrem, adoh saking wong fasik.

وَالْخَامِسُ: يَدْخُلُ فِي طَرِيقِ الْمُتَعَلِّمِينَ وَالصَّالِحِينَ.

5. Mlebu dalane (bagiane) tiyang sing ngaji lan tiyang sholeh.

وَالسَّادِسُ: يُقِيمُ أَمْرَ اللَّهِ تَعَالَى

6. Ngedegake perintahe Allah SWT.

هَذَا لِمَنْ لَمْ يَحْفَظْ شَيْئًا، وَأَمَّا الَّذِي يَحْفَظُ فَلَهُ أَضْعَافٌ مُضَاعَفَةٌ

Sedoyo meniko kagem tiyang/santri ingkang boten ngapalke ilmune babar pisan. Nopo maleh tiyang/santri sing gelem ngapalke ilmune dipun tambah kemulyaane kanti matikel tikel.

API Tegalrejo Magelang

Kesimpulane :

Tiyang ingkang demen/seneng Karo wong ngaji(santri) kuwi wis oleh ganjaran, opo maneh sing gelem ngaji(mondok), arep di tikelke kemulyaane. Luwih penting meneh duwe ilmune gelem nglakoni Lan manfangatke ilmune di tambah gelem nularke ilmune marang wong liyo...
Mestine arep oleh kamulyan Nang dunyo Soho kamulyan Nang akhirat. Allahumma.... Aamiin.


.

PALING DIMINATI

Back To Top